This option will reset the home page of LareOsing.Org restoring closed widgets and categories.

Reset LareOsing.Org homepage

Mak Onah

YA WIS KELENDI MANING

Sapa kang sing weruh nyang Mak Onah? Kanggo dulur-dulur kang weruh nyang taun 70-an mesti weruh nyang wong siji iki. Uwonge cilik, kesit, suwarane entheng empuk enak ning kuping, ditambah kepenterani nyang teknik pokal cengkok asli Banyuwangi lan pentere nggawe basanan lan wangsalan, kaya sing ana tunggale maning.

Kadhung rungu aran Mak Onah, mesti uwong enget nyang aran Aljin. Aljin iku kakang misane dhewek kang dadi pimpinan grup kesenian pacul guwang kang kesuwur tahun 70-an sampek 80-an. Aljin sonder Mak Onah, campak kurang uyah. Uyahe ya suwarane Mak Onah iku. Sangking kesuwure grup iki sampek melebu rekaman 12 pul akehe. Bengen angger ana wong repot embuh nyunati embuh mengantekaken sing kelalen kasete Mak Onah mesti disetel ring corong kang dipasang dhuwur nganggo jajang. Dadi wong sak kampung bisa ngerungokaken suwarane Mak Onah lan guyonane Aljin. Wong sak kampung kepingkel-pingkel. Paran maning kadhung ditanggap mbengine. Kabeh wong sak kampung tumplek blek ndeleng tingkahe grup iki.

Ring kesenian pacul guwang iku Mak Onah duwe tugas penting yaiku ngawiti gelaran kelawan maca lontar. Biyasahe pasangane ya kang lanang dhewek yaiku Pak Pii. Serta mari lontaran, tamat gadug arum-arum, buru paculan. Yaiku dol tinuku basanan wangsalan kang dirageni ambi guyonan. Jaman sak mono kesenian iku sing wani ninggalaken maca lontar, utawa lontaran. Kerana lontar iku nduweni pungsi spiritual kanggo ngugemi lan ngeladhangi urip. Paran maning wong duwe gawe, kelendi makene selamet kabeh lan sak marine repot gancar rejekine. mulane lontar diperlokaken seru. Ring kene iki pentinge anane Mak Onah.

Mak Onah kang kelairan aseli Genteng iki magih umur welasan wis bisa maca lontar. Sapa kang muruki? Nurut pengakuni iyane bisa maca lontar, bisa karepe dhewek. Artine sing ana kang muruki. Dicacak-cacak dhewek, ketemu-ketemu dhewek lagune maca lontar angger pupuh. Embuh iku durma, pangkur lan sepiturute. Ceritane kala iku taun 1944 Mak Onah kecaruk Wak Juki kang mbombong Mak Onah supaya nyacak maca lontar. Serta disuguhi kitab lontar Yusup, Mak Onah takon kelendi lagune? Wak Juki sing nguweni conto, mung ngongkon nyacak maca. Wak Onah nyacak maca. Eh, sing nyana-nyana angger nyacak, pas. Angger nyacak, pas. Sakat iku Mak Onah tambah patheng ulihe sinau maca lontar. Nawi baen kerana iku lagune maca lontar Mak Onah iki bida lagune ambi maca lontar Kemiren utawa liyane. Lagune Mak Onah iki has cengkok Using.

Mak Onah bisa maca lontar mula sing mohal. Kakike kang aran guru Sapii mula duwe simpenan kitab lontar. kakike iku tau wekas supaya kitab lontar iku supaya dijaga, aja dibuwang, kerana isine cerita-cerita kuna. Keluwargane nganggep kitab lontar iku dadi pesantikan. Barang kang diemong dudu mung wujud kertas lan samak kulit, naming barang kang dirumat kerana keramat lan dianggep jimat.

Kanggo Mak Onah dhewek, lontar dudu mung kertas kang isine cerita. Kanggo Mak Onah lontar iku keneng dienggo lantaran njaluk nyang kang Kuwasa. Lontar iku keneng dienggo ngugem. Ya ngugemi badan. Jare Mak Onah, kerana iyane tuhu maca lan nyurasa lontar, kerep dijaluki tulung wong ngaweruhi piduduh soal penguripan. Misale, ana wong kang arep nyalon kamituwa, takon nyang Mak Onah kira-kira kelendi penanggape masarakat. Mak Onah aju nyekel kitab lontar terus diubengaken ping telu nyang awake, mandheg ring mburi, terus picis diselempitaken ring lembarane kitab lontar. Kitab lontar diwaca pas ring manggone picis mau. Wong kang njaluk tulung mau kudu nyakseni ring ngarepe. Kadhung wis diwaca unine iku dadi piduduh. Apa apik apa elek. Diterusaken ajate apa wurung. Lan wong kang njaluk tulung mau uga ngerasakaken piduduh mau. Malah kadhang Mak Onah sing kathik ngomong, kang njaluk tulung wis kerasa dhewek.

Lontar uga diwaca nalika ngasab. Yaiku mangkur untune penganten, makene berai rupane. Kang diwaca pas pupuh durma kang unine: …. Wajanira lir mutiara sinundukan luwir gendhis….. sakliyane iku lontar uga diwaca ring wong tingkeban, wong melekan lan sepiturute upaya-upaya liyane kang ngarep-arep pitulung kang Kuwasa.

Kelawan maca lontar iki Mak Onah wis gadug endi-endi. Surabaya Jakarta bengen dadi jujugane. Ring Jakarta rekaman lan suting TV. Semono uga ring Surabaya. Ring Surabaya malah tau diundang secara husus ambi Gubernur. Ring kono Mak Onah maca lontar ning ngarepe Pak Gubernur. Mak Onah magih iling, mari maca lontar, Pak Gubernur pesen supaya maca lontar Banyuwangi iki diuri-uri lan diturunaken nyang anak putu.

Soal nguri-uri iki Mak Onah sambat. Sampek saiki iki mung siji kang bisa marisi ilmune, yaiku anake dhewek kang aran Sanan. Serangane ga muruki anake iki, ceritane Mak Onah iku ambi adang ya muruki anake. Ambi napung sega, gerus-gerus Mak Onah niti anake lan mbecikaken wacanan kang salah. Sakliyane anake sing ana kang gelem wuruk. Mak Onah sing ngarti paran sebabe. Jamane wis bida, jare.

Sapa baen mupakat kadhung Mak Onah iki wis dawa lakune nong kesenian lan wis nduduhaken bektine njunjung derajat tanah kelairane, Banyuwangi. Kelawan Mak Onah, macaan Banyuwangi kesuwur nyang endi-endi. Diteliti lan ditulis para ahli. Anyar iki buru baen Mak Onah dikancane anake, Sanan lan Wak Tasrip ambi Wak Katirin direkam peneliti teka Bandung kang kepingin weruh lagune maca lontar Banyuwangi kang has Using. Iku nduduhaken ga Mak Onah iki pantes kadhung paran kang wis dibektekaken nyang dhaerah ulih bebungah kang bisa nulung penguripane. Polahe seniman kang wis gedhe bektine iki nyatane uripe sara seru. Saiki Mak Onah urip milu anake ring Desa Pendarungan Kecamatan Kabat. Umahe dhewek ring Sraten Cluring ditinggal merga ring kana wis sing ana rewange, urip dhewekan. Mak onah wis sukur bisa bekti nyang seni lan dhaerah. Naming iyane keranta-ranta, kaya-kaya sing ana kang rumangsa. Kaya-kaya kabeh wong kang tau nganggo iyane wis lali. Apa mung dienggo dhonge ana butuhe baen? Kadhung gediku ya wis kelendi maning. Seni maca lontar akeh kang wis sing dhemen, ya wis kelendi maning. MugaAllah kabeh disepura Pengeran. (by Hasan Basri)

Sumber Forum Laros

Leave a Reply

*
To prove you're a person (not a spam script), type the security word shown in the picture. Click on the picture to hear an audio file of the word.
Click to hear an audio file of the anti-spam word